bible.lagu-gereja.com
  
contoh pencarian mat 5:1 | *jangan takut | *jangan kuatir
<< Yesaya 32
>>
Yesaya 32
Isaiah 32
32:1 Bakal ana raja jumeneng lan nindakaké keadilan, sarta para penggedhé ing negara mau bakal ngeréh kanthi jujur.
32:2 Saben penggedhé dadi pengayomané rakyat samasa katempuh ing angin, lan dadi pangungsén samasa ana prahara. Para penggedhé mau presasat kali sing mili ing ara-ara samun, kaya gunung karang ngaubi tanah cengkar sing garing.
32:3 Mripaté tansah ngawasaké, lan kupingé ngrungokaké kebutuhané rakyat.
32:4 Ora bakal tumindak grusa-grusu, nanging kanthi kawicaksanan. Apa sing diucapaké ya mengkono sing dikarepaké.
32:5 Wong tanpa budi bakal ora disebut satriya, lan wong culika ora disebut jujur.
32:6 Wong tanpa budi omongané ngayawara lan sing diangen-angen mung bab enggoné arep gawé piala. Satembung-tembungé lan sasolah-tingkahé nyewiyah Gusti Allah. Wong kaliren ora diwénéhi mangan lan wong ngelak ora diwénéhi ngombé.
32:7 Wong gemblung kuwi wong ala, mula penggawéné ala kabéh. Sing diangen-angen mung oléhé arep ngrusak wong mlarat srana apus-apus, lan nyegah wong mlarat supaya ora oléh keadilan.
32:8 Nanging wong sing luhur budiné, jujur lan gondhélan kabeneran.
32:9 Hé para wong wadon sing uripé ayem, sarwa kecukupan, rungokna tembungku!
32:10 Saiki kowé padha ayem-ayem, nanging taun ngarep ing wektu kaya ngéné iki atimu bakal semplah, merga panéné anggur wurung.
32:11 Sepréné uripmu kepénak lan sarwa kecukupan, nanging saiki padha gemetera! Sandhanganmu suwéken lan nganggoa bagor.
32:12 Padha ngelusa dhadha merga susah, sebab sawah-sawah sing subur lan kebon-kebon anggur bakal padha dirusak.
32:13 Sing thukul ana ing lemahé umat-Ku mung eri lan rerungkudan. Padha tangi ana brayat sing tentrem uripé lan kutha sing kebak kraméan iki.
32:14 Sebab kedhatoné Sang Prabu bakal suwung lan kutha krajan bakal dadi sepi. Omah-omah lan béténg-béténg sing ngreksa kutha bakal dadi jugrugan selawas-lawasé. Kuldi alasan bakal saba lan wedhus-wedhus bakal padha nyenggut ing pasuketan kono.
32:15 Nanging Gusti Allah bakal ngesokaké Rohé menéh. Lemah sing cengkar bakal dadi loh, lan sawah-sawah bakal ngetokaké panén akéh.
32:16 Sanegara kabéh bakal kanggonan kabeneran lan keadilan.
32:17 Sebab saben wong bakal nindakaké kabeneran, mula saenggon-enggon bakal ana katentreman langgeng.
32:18 Umaté Allah bakal padha ora sumelang, lan brayaté bakal ngalami tentrem rahayu. (Alas-alas bakal karusak, lan kuthané kajugrugaké.)
32:19-20 Saben wong bakal bungah, sebab tanduran-tanduran bakal padha oléh banyu akéh lan ing ngendi-endi ana panggonan kanggo kuldi lan raja-kaya liya-liyané. Nanging mungsuhmu bakal kaya alas sing diudani watu, lan kutha-kuthané bakal digempur.  
32:1 Behold, a king will reign in righteousness, And princes will rule with justice.
32:2 A man will be as a hiding place from the wind, And a cover from the tempest, As rivers of water in a dry place, As the shadow of a great rock in a weary land.
32:3 The eyes of those who see will not be dim, And the ears of those who hear will listen.
32:4 Also the heart of the rash will understand knowledge, And the tongue of the stammerers will be ready to speak plainly.
32:5 The foolish person will no longer be called generous, Nor the miser said [to be] bountiful;
32:6 For the foolish person will speak foolishness, And his heart will work iniquity: To practice ungodliness, To utter error against the LORD, To keep the hungry unsatisfied, And he will cause the drink of the thirsty to fail.
32:7 Also the schemes of the schemer [are] evil; He devises wicked plans To destroy the poor with lying words, Even when the needy speaks justice.
32:8 But a generous man devises generous things, And by generosity he shall stand.
32:9 Rise up, you women who are at ease, Hear my voice; You complacent daughters, Give ear to my speech.
32:10 In a year and [some] days You will be troubled, you complacent women; For the vintage will fail, The gathering will not come.
32:11 Tremble, you [women] who are at ease; Be troubled, you complacent ones; Strip yourselves, make yourselves bare, And gird [sackcloth] on [your] waists.
32:12 People shall mourn upon their breasts For the pleasant fields, for the fruitful vine.
32:13 On the land of my people will come up thorns [and] briers, Yes, on all the happy homes [in] the joyous city;
32:14 Because the palaces will be forsaken, The bustling city will be deserted. The forts and towers will become lairs forever, A joy of wild donkeys, a pasture of flocks
32:15 Until the Spirit is poured upon us from on high, And the wilderness becomes a fruitful field, And the fruitful field is counted as a forest.
32:16 Then justice will dwell in the wilderness, And righteousness remain in the fruitful field.
32:17 The work of righteousness will be peace, And the effect of righteousness, quietness and assurance forever.
32:18 My people will dwell in a peaceful habitation, In secure dwellings, and in quiet resting places,
32:19 Though hail comes down on the forest, And the city is brought low in humiliation.
32:20 Blessed [are] you who sow beside all waters, Who send out freely the feet of the ox and the donkey.
KeyWords: