bible.lagu-gereja.com
  
contoh pencarian mat 5:1 | *jangan takut | *jangan kuatir
<< Rum 9
>>
Rum 9
Romans 9
9:1 Apa sing dakkandhakaké iki nyata, yakuwi aku iki kagungané Sang Kristus. Swaraning batinku, sing dieréh déning Sang Roh Suci, uga mélu nekséni, yén aku ora goroh.
9:2 Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih!
9:3 Merga bangsaku mau, aku rila upama awakku ditamani bebendu déning Gusti Allah lan dipisahaké saka sihé Sang Kristus.
9:4 Wong-wong kuwi umat pilihané Gusti Allah. Wong-wong mau padha diangkat dadi para putrané Gusti Allah piyambak, lan padha diparangi kamulyan. Gusti Allah wis damel prejanjian karo wong-wong mau sarta padha diparingi Torét. Wong-wong mau padha ngerti bab patrapé ngabekti marang Gusti Allah lan padha diparingi prasetyan-prasetyan déning Gusti Allah.
9:5 Wong-wong mau padha dadi anak-turuné para leluhuré bangsa kita, lan Gusti Yésus Kristus manut tata kamanungsané klebu bangsané wong-wong mau. Pinujia Gusti Allah, sing ngeréh samubarang, pinujia ing salawas-lawasé! Amin.
9:6 Aku ora kandha yén prejanjiané Gusti Allah kuwi batal; merga ora saben umat Israél kapilih déning Gusti Allah.
9:7 Semono uga ora kabéh tedhak-turuné Rama Abraham kaangkat dadi para putrané Gusti Allah. Gusti Allah ngandika marang Abraham: ”Sing bakal kasebut turunmu kuwi mung turuné Iskak.”
9:8 Kuwi ateges yén sing kasebut putra-putrané Gusti Allah mau dudu anak-anak sing dilairaké miturut daging. Sing dianggep tedhak-turuné sing sah kuwi mung anak-anak sing dilairaké manut prejanjiané Gusti Allah.
9:9 Sebab prejanjiané Gusti Allah mau mengkéné: ”Aku bakal bali menéh ing wektu sing wis katemtokaké, lan Sarah bakal duwé anak lanang!”
9:10 Malah ora mengkono waé: Bocah lanang loro-loroné sing dikandhut déning ibu Ribkah kuwi bapakné siji, yakuwi leluhur kita Iskak.
9:11-12 Supaya enggoné milih salah siji saka ing antarané bocah loro mau cetha kersané Gusti Allah piyambak, mula Gusti Allah ngandika marang Ribkah: ”Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom.” Enggoné Gusti Allah ngandika mengkono mau, nalika bocah-bocah karoné durung padha lair, lan sadurungé padha ngerti nindakaké sing becik utawa sing ala. Mengkono dadi cetha yén pamilihé Gusti Allah kuwi ora landhesan penggawéné bocah loro mau, nanging landhesan timbalané Gusti Allah piyambak.
9:13 Kaya sing katulis ing Kitab Suci: ”Yakub kuwi Dakkasihi, nanging Ésau Daksengiti.”
9:14 Yén mengkono, kita banjur arep muni kepriyé? Apa Gusti Allah kuwi ora adil? Ora! Gusti Allah adil!
9:15 Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mengkéné: ”Aku bakal melasi marang sapa waé sing Dakparingi piwelas, lan paring kamirahan marang sapa waé sing Dakkersakaké.”
9:16 Mulané putusan kuwi ora gumantung saka karep utawa labeté manungsa, nanging mung landhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak.
9:17 Sebab Kitab Suci wis nerangaké, yén Gusti Allah wis ngandika marang ratu ing Mesir: ”Yakuwi sebabé enggon-Ku ngangkat kowé dadi ratu, supaya kowé mratélakaké pangwasa-Ku lan ngluhuraké Asma-Ku ana ing salumahing bumi.”
9:18 Mengkono patrapé Gusti Allah enggoné ngesokaké sih-rahmaté marang sok wonga sing dikersakaké, lan uga mangkotaké atiné sapa waé, manut ing sa-kersané piyambak.
9:19 Kowé bakal takon marang aku: ”Yén mengkono, kepriyé bisané Gusti Allah ngluputaké manungsa? Sapa sing bisa malangi kersané Gusti Allah?”
9:20 Aku arep genti takon marang kowé: ”Sedulurku, kowé kuwi sapa, kokwani-wani madoni marang Gusti Allah? Apa kelakon pengaron takon marang kundhi sing gawé pengaron mau: 'Yagéné aku kokkokgawé mengkéné?"
9:21 Apa kundhi mau ora wenang nggarap lempung mau ing sakarepé? Lemah lempung saprongkol bisa waé digawé pengaron sing larang regané, utawa pengaron sing murah.”
9:22 Mengkono uga pakaryané Gusti Allah, Panjenengané kagungan kersa ngetingalaké bebenduné lan medhar pangwasané. Éwadéné Gusti Allah kuwi sabar banget marang wong sing padha dibendoni, sarta wong-wong sing wis digadhang bakal disirnakaké.
9:23 Gusti Allah uga kersa nedahaké kamulyané sing sampurna, kaparingaké marang kita, sing padha katimbalan nampani sih-rahmaté, yakuwi kita sing wis kacadhangaké déning Panjenengané, supaya nampani kamulyan mau.
9:24 Ya kita iki, sing wis katimbalan déning Panjenengané, ora mung bangsa Yahudi waé, nanging uga sing saka antarané bangsa-bangsa liyané.
9:25 Ing Kitabé Nabi Hoséa ana tulisan mengkéné: ”Sing dudu umat-Ku bakal Daksebut 'Umat-Ku", lan sing ora Dakkasihi, kuwi Daksebut 'Kesakih-Ku".
9:26 Lan ing panggonané wong-wong sing didhawuhi: 'Kowé kuwi dudu umat-Ku," ing panggonan kono uga wong-wong mau bakal padha disebut: 'Para putrané Gusti Allah kang asipat gesang." ”
9:27 Tumrapé bangsa Israél Nabi Yésaya ngandika: ”Senajan cacahé bangsa Israél kuwi akéhé kaya wedhining segara, éwasemono sing bakal kaslametaké mung sethithik.
9:28 Sebab Gusti Allah bakal énggal nganakaké pétungan karo isining jagad.”
9:29 Kaya sing dipangandikakaké déning Nabi Yésaya dhék biyén mengkéné: ”Saupama Gusti Allah Kang Mahakwasa, ora maringi turun marang kita, mesthi kita wis dadi kaya kutha-kutha Sodom lan Gomora.”
9:30 Kita arep muni apa saiki? Mengkéné: Bangsa-bangsa liya sing padha ora ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, saiki wis padha katunggilaké, merga padha precaya.
9:31 Nanging bangsa sing kapilih (bangsa Israél), sing lantaran Torét padha ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, malah gagal.
9:32 Yagéné? Sebab pangudiné mau ora landhesan precaya, nanging landhesan pangabekti manut carané dhéwé. Wong-wong mau padha kesandhung ing watu,
9:33 sing kasebut ing Kitab Suci mengkéné: ”Delengen, Aku wis ndokokaké watu ing Sion, sing marakaké wong padha kesandhung, watu sing marakaké wong padha tiba. Nanging sapa sing precaya marang Panjenengané ora bakal kecuwan.”  
9:1 I tell the truth in Christ, I am not lying, my conscience also bearing me witness in the Holy Spirit,
9:2 that I have great sorrow and continual grief in my heart.
9:3 For I could wish that I myself were accursed from Christ for my brethren, my countrymen according to the flesh,
9:4 who are Israelites, to whom [pertain] the adoption, the glory, the covenants, the giving of the law, the service [of God], and the promises;
9:5 of whom [are] the fathers and from whom, according to the flesh, Christ [came], who is over all, [the] eternally blessed God. Amen.
9:6 But it is not that the word of God has taken no effect. For they [are] not all Israel who [are] of Israel,
9:7 nor [are they] all children because they are the seed of Abraham; but, "In Isaac your seed shall be called."
9:8 That is, those who [are] the children of the flesh, these [are] not the children of God; but the children of the promise are counted as the seed.
9:9 For this [is] the word of promise: "At this time I will come and Sarah shall have a son."
9:10 And not only [this], but when Rebecca also had conceived by one man, [even] by our father Isaac
9:11 (for [the children] not yet being born, nor having done any good or evil, that the purpose of God according to election might stand, not of works but of Him who calls),
9:12 it was said to her, "The older shall serve the younger."
9:13 As it is written, "Jacob I have loved, but Esau I have hated."
9:14 What shall we say then? [Is there] unrighteousness with God? Certainly not!
9:15 For He says to Moses, "I will have mercy on whomever I will have mercy, and I will have compassion on whomever I will have compassion."
9:16 So then [it is] not of him who wills, nor of him who runs, but of God who shows mercy.
9:17 For the Scripture says to Pharaoh, "For this very purpose I have raised you up, that I may show My power in you, and that My name may be declared in all the earth."
9:18 Therefore He has mercy on whom He wills, and whom He wills He hardens.
9:19 You will say to me then, "Why does He still find fault? For who has resisted His will?"
9:20 But indeed, O man, who are you to reply against God? Will the thing formed say to him who formed [it], "Why have you made me like this?"
9:21 Does not the potter have power over the clay, from the same lump to make one vessel for honor and another for dishonor?
9:22 [What] if God, wanting to show [His] wrath and to make His power known, endured with much longsuffering the vessels of wrath prepared for destruction,
9:23 and that He might make known the riches of His glory on the vessels of mercy, which He had prepared beforehand for glory,
9:24 even us whom He called, not of the Jews only, but also of the Gentiles?
9:25 As He says also in Hosea: "I will call them My people, who were not My people, And her beloved, who was not beloved."
9:26 "And it shall come to pass in the place where it was said to them, `You are not My people,' There they shall be called sons of the living God."
9:27 Isaiah also cries out concerning Israel: "Though the number of the children of Israel be as the sand of the sea, The remnant will be saved.
9:28 For He will finish the work and cut [it] short in righteousness, Because the LORD will make a short work upon the earth."
9:29 And as Isaiah said before: "Unless the LORD of Sabaoth had left us a seed, We would have become like Sodom, And we would have been made like Gomorrah."
9:30 What shall we say then? That Gentiles, who did not pursue righteousness, have attained to righteousness, even the righteousness of faith;
9:31 but Israel, pursuing the law of righteousness, has not attained to the law of righteousness.
9:32 Why? Because [they did] not [seek it] by faith, but as it were, by the works of the law. For they stumbled at that stumbling stone.
9:33 As it is written: "Behold, I lay in Zion a stumbling stone and rock of offense, And whoever believes on Him will not be put to shame."
KeyWords: