bible.lagu-gereja.com
  
contoh pencarian mat 5:1 | *jangan takut | *jangan kuatir
<< Rut 4
>>
Rut 4
Ruth 4
4:1 Boas banjur lunga menyang gapuraning kutha sing lumrahé kanggo rapat para pemimpiné masarakat kutha kono. Bareng lungguh, ana wong lanang liwat, yakuwi seduluré kulawargané Élimélék sing cedhak dhéwé. Wong mau banjur diundang déning Boas, ”Mangga, kula aturi lenggah ngriki.” Wong mau uga banjur mrono lan lungguh.
4:2 Boas banjur ngajak wong sepuluh, para pemimpiné kutha, supaya mélu lungguh bebarengan ing kono. Sawisé padha lungguh,
4:3 Boas banjur kandha karo wong sing isih keprenah seduluré mau mengkéné, ”Naomi sampun wangsul saking Moab. Samenika badhé nyadé pasiténipun Élimélék, sedhérék kita.
4:4 Mesthinipun sampéyan inggih sampun mireng bab menika. Menawi sampéyan badhé numbas pasitén menika sampéyan criyos samenika, ing ngajengipun para pemimpining masarakat. Menawi mboten, sampéyan criyos terus terang, mergi ingkang gadhah hak numbas siti menika nomer setunggal sampéyan, nomer kalih kula.” Wangsulané wong mau, ”Inggih, pasitén menika kula tumbasipun.”
4:5 Boas banjur kandha, ”Inggih sampun leres mekaten, nanging menawi sampéyan tumbas pasitén menika saking Naomi, sampéyan inggih kedah mendhet Rut, randha saking Moab menika dados sémah sampéyan; mergi pasitén menika kedah tetep dados gadhahanipun ahli warisipun tiyang ingkang sampun pejah wau.”
4:6 Wangsulané wong mau, ”Menawi mekaten wewenang kula numbas pasitén menika kula lepas kémawon, mergi menawi kula tumbas mboten badhé dados gadhanipun anak putu kula. Langkung prayogi sampéyan kémawon ingkang numbas.”
4:7 Miturut adaté dol-tinuku utawa ijolan palemahan dhék semono, dianggep sah, yén wongé sing ngedol nyopot sandhalé lan masrahaké sandhal mau marang sing tuku. Mengkono carané wong Israél ngabsahaké dol-tinuku palemahan.
4:8 Mulané bareng wong mau kandha karo Boas, ”Yén mekaten sampéyan kémawon ingkang numbas”, dhéwéké nuli nyopot sandhalé lan masrahaké marang Boas.
4:9 Boas banjur kandha karo para pemimpiné masarakat sing rapat ana ing kono, ”Ing dinten menika sampéyan sedaya kula dadosaken seksi, bilih kula sampun numbas saking Naomi sedaya pasitén gadhanipun Élimélék lan anak-anakipun, inggih menika Kilyon lan Mahlon.
4:10 Kejawi saking menika kula inggih mendhet Rut, tiyang éstri Moab, randhanipun Mahlon, dados sémah kula. Srana mekaten siti menika badhé tetep dados gadhanipun ahli-warisipun tiyang ingkang sampun tilar-donya. Anak-turunipun badhé tetep dados setunggal lan tetep manggén ing dhusunipun kulawarga menika. Para sedhérék sedaya kula purih nekséni.”
4:11 Para pemimpiné masarakat lan liya-liyané padha sarujuk, tembungé, ”Inggih, kula sami nekséni. Mugi-mugi Gusti Allah ndadosna sémah sampéyan kados Rahél lan Léa, ingkang nglairaken anak kathah kanggé Yakub. Mugi-mugi sampéyan kaparingan bandha kathah ing antawisipun tiyang-tiyang turun-Éfraim lan dadosa tiyang ingkang kajén-kéringan ing kitha Bétléhém.
4:12 Mugi-mugi anak-anak sampéyan kaliyan tiyang éstri ném menika ndadosaken brayat sampéyan kados brayatipun Pérés, anakipun Yéhuda kaliyan Tamar.”
4:13 Rut banjur dadi bojoné Boas. Saka berkahé Pangéran Rut banjur ngandheg *ngandheg: mbobot, meteng.* lan duwé anak lanang.
4:14 Tembungé wong-wong wadon marang Naomi, ”Kaluhurna Pangéran! Dina iki Pangéran wis maringi putu lanang marang kowé lan sing bakal ngopéni kowé. Muga-muga bocah iki dadi wong sing misuwur ing Israél!
4:15 Mantumu tresna marang kowé. Jasané marang kowé ngungkuli jasané anak lanang pitu. Malah saiki kowé oléh putu lanang saka dhéwéké; kuwi bakal gawé gedhéné atimu, merga bocah mau sing bakal ngrumat kowé samasa kowé wis jompo.”
4:16 Naomi banjur nggéndhong bocah mau lan dirumati kanthi tresna kaya anaké dhéwé.
4:17 Para wong wadon tangga-teparoné Naomi padha njenengaké bocah mau: Obéd. Saben wong padha dikandhani, ”Saiki Naomi wis duwé anak lanang!” Obéd kuwi mbésuké dadi bapakné Isai. Déné Isai kuwi bapakné Raja Dawud.
4:18-22 Dadi silsilahé Dawud mau yén kawiwitan saka Pérés mengkéné: Pérés, Hézron, Aminadab, Nahason, Salmon, Boas, Obéd, Isai, Dawud.  
4:1 Now Boaz went up to the gate and sat down there; and behold, the close relative of whom Boaz had spoken came by. So Boaz said, "Come aside, friend, sit down here." So he came aside and sat down.
4:2 And he took ten men of the elders of the city, and said, "Sit down here." So they sat down.
4:3 Then he said to the close relative, "Naomi, who has come back from the country of Moab, sold the piece of land which [belonged] to our brother Elimelech.
4:4 "And I thought to inform you, saying, `Buy [it] back in the presence of the inhabitants and the elders of my people. If you will redeem [it], redeem [it]; but if you will not redeem [it, then] tell me, that I may know; for [there is] no one but you to redeem [it], and I [am] next after you.'"And he said, "I will redeem [it]."
4:5 Then Boaz said, "On the day you buy the field from the hand of Naomi, you must also buy [it] from Ruth the Moabitess, the wife of the dead, to perpetuate the name of the dead through his inheritance."
4:6 And the close relative said, "I cannot redeem [it] for myself, lest I ruin my own inheritance. You redeem my right of redemption for yourself, for I cannot redeem [it]."
4:7 Now this [was the custom] in former times in Israel concerning redeeming and exchanging, to confirm anything: one man took off his sandal and gave [it] to the other, and this [was] a confirmation in Israel.
4:8 Therefore the close relative said to Boaz, "Buy [it] for yourself." So he took off his sandal.
4:9 And Boaz said to the elders and all the people, "You [are] witnesses this day that I have bought all that was Elimelech's, and all that [was] Chilion's and Mahlon's, from the hand of Naomi.
4:10 "Moreover, Ruth the Moabitess, the widow of Mahlon, I have acquired as my wife, to perpetuate the name of the dead through his inheritance, that the name of the dead may not be cut off from among his brethren and from his position at the gate. You [are] witnesses this day."
4:11 And all the people who [were] at the gate, and the elders, said, "[We are] witnesses. The LORD make the woman who is coming to your house like Rachel and Leah, the two who built the house of Israel; and may you prosper in Ephrathah and be famous in Bethlehem.
4:12 "May your house be like the house of Perez, whom Tamar bore to Judah, because of the offspring which the LORD will give you from this young woman."
4:13 So Boaz took Ruth and she became his wife; and when he went in to her, the LORD gave her conception, and she bore a son.
4:14 Then the women said to Naomi, "Blessed [be] the LORD, who has not left you this day without a close relative; and may his name be famous in Israel!
4:15 "And may he be to you a restorer of life and a nourisher of your old age; for your daughterinlaw, who loves you, who is better to you than seven sons, has borne him."
4:16 Then Naomi took the child and laid him on her bosom, and became a nurse to him.
4:17 Also the neighbor women gave him a name, saying, "There is a son born to Naomi." And they called his name Obed. He [is] the father of Jesse, the father of David.
4:18 Now this [is] the genealogy of Perez: Perez begot Hezron;
4:19 Hezron begot Ram, and Ram begot Amminadab;
4:20 Amminadab begot Nahshon, and Nahshon begot Salmon;
4:21 Salmon begot Boaz, and Boaz begot Obed;
4:22 Obed begot Jesse, and Jesse begot David.
KeyWords: